Pages - Menu

Selasa, Oktober 13, 2009

Adat istiadat

Kenduren

Kenduren/ selametan adalah tradisi yang sudaah turun temurun dari jaman dahulu, yaitu doa bersama yang di hadiri para tetangga dan di pimpin oleh pemuka adat atau yang di tuakan di setiap lingkungan, dan yang di sajikan berupa Tumpeng, lengkap dengan lauk pauknya. Tumpeng dan lauknya nantinya di bagi bagikan kepada yang hadir yang di sebut Carikan ada juga yang menyebut dengan Berkat.

Carikan/ berkat

Tujuan dari kenduren itu sendiri adalah meminta selamat buat yang di doakan, dan keluarganya,

kenduren itu sendiri bermacam macam jenisnya, antara lain :

* kenduren wetonan ( wedalan ) Di namakan wetonan karena tujuannya untuk selametan pada hari lahir ( weton, jawa ) seseorang. Dan di lakukan oleh hampir setiap warga, biasanya 1 keluarga 1 weton yang di rayain , yaitu yang paling tua atau di tuakan dalam keluarga tersebut. Kenduren ini di lakukan secara rutinitas setiap selapan hari ( 1 bulan ). Biasanya menu sajiannya hanya berupa tumpeng dan lauk seperti sayur, lalapan, tempe goreng, thepleng, dan srundeng. tidak ada ingkung nya ( ayam panggang ).



* Kenduren Sabanan ( Munggahan ) Kenduren ini menurut cerita tujuannya untuk menaik kan para leluhur. Di lakukan pada bulan Sya’ban, dan hampir oleh seluruh masyarakat di Watulawang dan sekitarnya, khususnya yang adatnya masih sama, seperti desa peniron, kajoran, dan sekitarnya. Siang hari sebelum di laksanakan upacara ini, biasanya di lakukan ritual nyekar, atau tilik bahasa watulawangnya, yaitu mendatangi makan leluhur, untuk mendoakan arwahnya, biasanya yang di bawa adalah kembang, menyan dan empos ( terbuat dari mancung ). Tradisi bakar kemenyan memang masih di percaya oleh masyarakat watulawang, sebelum mulai kenduren ini pun, terlebih dahulu di di jampi jampi in dan di bakar kemenyan di depan pintu. Menu sajian dalam kenduren sabanan ini sedikit berbeda dengan kenduren Wedalan, yaitu disini wajib memakai ayam pangang ( ingkung ).



* Kenduren Likuran Kenduren ini di laksanakan pada tanggal 21 bulan pasa ( ramadan ), yang di maksudkan untuk memperingati Nuzulul Qur’an. dalam kenduren ini biasanya di lakukan dalam lingkup 1 RT, dan bertempat di ketua adat, atau sesepuh di setiap RT. dalam kenduren ini, warga yang datang membawa makanan dari rumah masing2, tidak ada tumpeng, menu sajiannya nasi putih, lodeh ( biasanya lodeh klewek) atau bihun, rempeyek kacang, daging, dan lalapan.



* Kenduren Badan ( Lebaran )/ mudunan Kenduren ini di laksanakan pada hari Raya Idul Fitri, pada tanggal 1 sawal ( aboge ). kenduren ini sama seperti kenduren Likuran,hanya tujuannya yang berbeda yaitu untuk menurunkan leluhur. TYang membedakan hanya, sebelum kenduren Badan, biasanya di dahului dengan nyekar ke makam luhur dari masing2 keluarga.



* Kenduren Ujar/tujuan tertentu Kenduren ini di lakukan oleh keluarga tertentu yang punya maksud atau tujuan tertentu, atau ayng punya ujar/ omong. Sebelum kenduren ini biasanya di awali dengan ritual Nyekar terlebih dahulu. dan menu wajibnya, harus ada ingkung ( ayam panggang ). Kenduren ini biasanya banyak di lakukan pada bulan Suro ( muharram ).



* Kenduren Muludan Kenduren ini di lakukan pada tanggal 12 bulan mulud, sama seperti kenduren likuran, di lakukan di tempat sesepuh, dan membawa makanan dari rumah masing- masing. biasanya dalam kenduren ini ada ritual mbeleh wedus ( motong kambing ) yang kemudian di amsak sebagai becek dalam bahasa watulawang ( gulai ).



Tilik Luhur

Luhur –
Têmbúng dwipúrwå lêluhúr såkå têmbúng linggå luhúr kang têgêsé dhuwúr. Kabèh kuwi miturút kontèks kang sumadhiyå. Déné lumrahé têmbúng luhúr kuwi ugå ngêmót råså wigati, bêcík lan utåmå. Akèh têtêmbungan kang nggunakaké têmbúng luhúr, kayåtå: budi pakarti luhúr, marsudi luhúr, pangudi luhúr, pawiyatan luhúr, majlís luhúr. Uga akèh jênêng kang nganggo têmbúng luhúr, kayåtå: – Luhúr Pambudi, – Luhúr Winasís, – Warsitå Luhúr, – Sri Luhúr Wigati. Têmbúng lêluhúr pådhå karo luhúr-luhúr, atêgês dhuwúr-dhuwúr, yåiku kang ånå ing dhuwúr-dhuwúr. Sabanjuré têmbúng lêluhúr minångkå istilah wóng tuwå sapandhuwúr kang wús nurúnaké. Lêluhúr kuwi ånå sing isíh sugêng, ånå lan akèh kang wís murút ing kasidan jati. Awaké dhéwé iki pådhå duwé lêluhúr yåiku wóng tuwå sakalórón, båpå lan biyúng. Dadi, båpå biyúng ånå båpå biyungé. Båpå biyungé båpå biyúng iyå ånå båpå biyungé, mangkono sapandhuwúr. Síng wís pådhå omah-omah, duwé bojo, gadhah sémah, kagungan garwå (garbhå) wóng tuwané dadi papat. Wóng tuwå såkå awaké dhéwé loro, lan wóng tuwa såkå sisihané uga loro. Wóng papat kuwi mêsthi wóng tuwané wólu. Wólu aran êmbah, simbah utåwå éyang. Êmbah wólu kuwi wóng tuwané mêsthi nêmbêlas. Nêmbêlas kuwi aran buyút. Sapandhuwúr wóng tuwané buyút cacah têlúng pulúh loro, arané canggah. Lêluhúr sandhuwuré yaiku warèng, cacahé ånå sêwidak papat. Têrusé udhêg-udhêg, ånå satus wólu likur. Banjúr gantúng siwúr, róng atús sèkêt ênêm. Gropak sénthé limang atús rolas. Kandhang bubrah sèwu pat likúr. Ing ndhuwuré manèh dêbóg bósók, ånå róng èwu patang pulúh wólu. Sabanjuré têkan tataran 11 gunggungé wís ånå patang èwu sangang pulúh ênêm, kuwi diarani galíh asêm. Mangkono satêrusé sandhuwuré. Mångkå saupåmå salah siji såkå kasêbut lêluhúr kuwi ora tinitah ing alam padhang iki, aliyas ora èksís, wósé ora sugêng ing ndonyå iki, lha åpå awaké iki ånå? Mulå prayogané pårå lêluhúr kasêbut kinúrmatan, dimúlyakaké, cinandhi ing salumrahé. Awaké dhéwé iki ing saiki lan ing mêngkoné iyå pådhå dadi lêluhúr; lêluhuré pårå anak, putu, buyút, canggah, warèng, udhêg-udhêg, gantúng siwúr, gropak sénthé, kandhang bubrah, dêbóg bósók, galíh asêm, sartå trah tumêrah turún tumurún mênggênêrasi amangún lan ambangun tuwúh, nuhóni darmané uríp. Iku laku jåntrå jlèntrèhíng ngauríp síng såpå ora ngluhúraké pårå lêluhuré, pantês baé ugå ora diluhúraké déníng kang binakal lêluhúr sartå turún-turúné.Bêbrayan sadonyå iki duwé cårå lan adat dhéwé-dhéwé tumrap ngluhúraké pårå lêluhúr. Ånå síng tilík kubúr, bêrsíh kubúr, rêsík kubúr, kirím dongå, wilujêngan mêmulé utåwå nyandhi, wilujêngan ruwahan, ziarah, misa arwah, ngêsúr tanah, nêlúng dinå, mitúng dinå, matang pulúh, nyatús, mêndhak pisan, mêndhak pindho, nyèwu, kól, haúl, lan sajinisé kuwi. Sanadyan wús sawatårå suwéné anggóné sédå (1350) éyangé, Gayatri; Hayam Wurúk nganakaké pangêtan ing taún 1362 aran sraddha. Sarirané ingkang éyang ginubah ginambar måwå rêróncèn ing kêmbang, sarta winarnå (dicritakaké) munggúh labúh labêté åpå déné åpå baé kang bisa tinulad tinuladhå dadyå sudarsanèng têdhak turún-turuné (Nêgarakêrtagama; Pararatón). Ing bêbrayan nganti tumêkå saiki isíh katón lan karåså nuwansa pèngêtan kang kadyéku. Bêbrayan isíh pådhå nyraddha, nyraddhan (nyadran) sarta anawúng lan anawúr kêmbang, sêkar; pådhå ngêmbang utåwå nyêkar. Pårå mitra ing ngrikå, Amérika, ing sasi Novèmbêr pådhå balík ndésané dhéwé-dhéwé, saprêlu bêbarêngan karo kulawargå kulawangså kulabråyå nglêksanani silaturahmi karo síng isíh uríp, matúr nuwún marang Gusti Allah awít sakèh sakabèhíng bêrkah kang ruméntah marang pårå tinitah, kanthi pangêtan Thanksgiving Day, kalayan angalimputi ngluhúraké pårå lêluhúr, kang tandhês tundhóné angluhúraké Hyang Mahaluhúr, luhúr-luhuríng ngaluhúr, sangkan Paraníng Pårå Lêluhúr.
Déníng : Sudi Yatmånå ( soko File Ki Demang/ http:www.ki-demang.com )







Nyadran lan Lêluhúr
Råmå Sudi Yatmånå njlèntrèhaké bab lêluhúr kanthi gamblang. Lêluhúr pådhå karo luhúr-luhúr, yaiku kang ånå ing dhuwúr-dhuwúr. Ånå síng nyêbút, pårå éyang síng wís sédå utåwå surúd ing kasédan jati. Wóng Jåwå ugå ånå síng nyêbút, pårå éyang síng wís kóndúr ånå ing têpêt suci, lokåbåkå utåwå alam kêlanggêngan. Ing tlatah Surakartå, ugå ånå síng nyêbút éyang síng wís suwargi. Amargå pêrcåyå mênåwå arwah éyangé wís munggah ånå ing suwargå. Tradisi nyadran tumrap wóng Jåwå dianggêp pêrlu lan pêntíng. Umumé ditindakaké ing sasi Ruwah (såkå têmbúng arab arwah), sêpulúh dinå sadurungé ngibadah påså, akèh kang pådhå nyêkar pårå lêluhuré. Råmå Sudi Yatmånå ngétúng siji mbåkå siji wiwít såkå båpå biyung têkan sapandhuwuré. Ånå ing ngèlmu Kêjawèn, wiwít anak lan båpå biyúng sapandhuwúr sinêbút sêjarah rolas síng gunggungé kabèh ana 4094 (patang èwu sangang pulúh papat). Pilahané,

1. båpå biyúng (2),
2. mbah / kaki – nini(4),
3. buyút (8),
4. canggah (16),
5. warèng (32),
6. udhêg-udhêg (64),
7. gantúng siwúr (128),
8. gropak sénthé (256),
9. têbu sinósóg (512),
10. pêtarangan bubrah (1024),
11. amún-amún (2048).

Tradisi Jåwå pancèn unik nduwèni ngèlmu síng mènèhi pêpélíng marang anak (putu) supåyå ngêrti marang lêluhuré. Anak dikêkudang supåyå ngêrti båpå biyúng síng ngukir jiwå ragané. Sabanjúré digulå wênthah supåyå ngêrti marang mulå bukané wiwít mbah, mbah buyút, canggah, warèng lan sapêndhuwuré. Ånå sêsêbutan liyané, supåyå anak putu ngêrti sarasilahé. Sawisé ngêrti, diwêlíng supåyå dipêpundhi, amargå kabèh mau pêpundhèné. Ing sasi ruwah iki akèh pêpundhèn síng disowani lan dirêsiki. Nyadran tumrap wóng Jåwå dianggêp wigati, amargå ånå bab kang sambúng karo tradisi spiritual. Istilah tradisi, mulå bukané såkå têmbúng latin tradere utåwå traditio (båså mancané transmit, handing down) , têgêsé “maríngaké såkå ndhuwúr”. Síng diparingaké babagan kang nduwèni nilai kang adi (luhúng, luhúr). Tumuruné bab kang adi mau ånå síng wujúd piwulang (ajaran,dóktrin) réligi, nangíng ugå ånå kang wujúd piwulang métaphisika. Ånå ing jagad Kêjawèn akèh bangêt tradisi síng ånå sambúng rakêté karo slamêtan. Clifford Geertz, síng nulís buku “Abangan, Santri, Priyayi dalam Masyarakat Jawa”, gamblang anggóné ngandaraké bab slamêtan ing masyarakat Jåwå. Akèh bangêt tåtåcårå slamêtan síng dianani ing padésan tlatah Mójókuthó (Paré) Jawa Timur. Tradisi síng gêgayutan karo slamêtan lan lêluhúr, ugå di jlèntrèhaké déníng Koentjaraningrat ing bukuné “Kêbudayaan Jawa”. Masyarakat síng ngrasúk faham (théologi) Jåwå pådhå nindakaké upacårå nyadran ing sasi Ruwah supåyå pådhå ora lali marang asal-usulé. Råmå Sudi Yatmånå kanthi pratitís nyêbút tilík kubúr, bêsík kubúr, rêsík kubúr, kirím dongå, slamêtan, mêmulé utåwå nyandi, ruwahan, ziarah, misa arwah, ngêsúr tanah, nêlúng dinå, mitúng dinå, matang pulúh, nyatús, mêndhak pisan, mêndhak pindho, nyèwu, khól lan sapituruté. Kêjåbå såkå iku, ugå nyêbút upåcårå sraddha minangka pèngêtan sédané Gayatri déníng Prabu Hayam Wurúk ing tahún 1362. PJ Zoetmulder ånå ing buku Kalangwan ugå nyritakaké bab upåcårå sraddha kanggo mèngêti sédané Tribhuwana Tungga Déwi ånå ing tahún 1350. Upåcårå sraddha minångkå pèngêtan raja-raja síng wís pupút yuswå ugå sinêbút ing kidúng Banåwå Sêkar, nganggo ubå rampé wujúd baitå (prau) síng digawé såkå kêmbang (púspå, sêkar). Ya amargå såkå upåcårå iku, síng diarani nyadran saka têmbúng sraddha, nyraddha, nyraddhan, têrús dadi nyadran. Tradisi nyadran ora biså pisah karo kêmbang utåwå sêkar. Mula ånå istilah nyêkar pårå lêluhúr nganggo ubå rampé menyan, kêmbang (mawar,
kênångå, mlati, têlasih lan liya-liyané). Ånå ing bêbrayan, kêmbang dadi pratåndhå (lambang, simból) sêsambungan utåwå taliråså trêsnå, asíh, dúhkitå, sungkåwå lan liya-liyané. Tradisi nyadran pranyåtå wís lumaku wiwít jaman Måjåpahít nganti saiki. Pakúrmatan kanggo lêluhúr isíh lêstari têkan saiki lan dipêpêtri déníng masyarakat, khususé ing tlatah padésan. Nyêkar ing sasi Ruwah nduwèni suråså utåwå wulangan marang anak putu supåyå pådhå trêsnå lan élíng marang lêluhúr. Tradisi nyadran (bêsík kubúr, tilík kubúr) ngélingaké tumrap såpå waé supåyå pådhå ngêrti marang pårå lêluhúr síng saiki wis ånå ing alam kubúr. Babagan tilík kubúr utåwå ziarah pancèn dipratélakaké ånå ing agåmå Islam supåyå pådhå kèlingan bab pati. Bab pati ånå sêsambungané karo bab uríp síng ora suwé. Paribasané kåyå wóng mampír ngombé. Mulå ånå têmbang Dandhanggulå síng muni: “Sanépané wóng uríp puniki, anèng ndonyå iku umpamanyå, múng kåyå wóng mampír ngombé, umpåmå manúk mabúr, lêpas sakíng kurunganèki, pundi méncókíng bénjang, åjå kóngsi klèru, umpåmå wóng njan sinanjan, ora wurúng mêsthi bali mulíh, mríng asal kamulanyå”. Minångkå dudutan : nyadran iku ngluhúraké lêluhúr kang tundhóné supåyå élíng lan manêmbah marang Kang Maha Luhúr.
Déníng : Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah

© gareng88.wordpress.com

0 komentar: